04 Januari 2014

Mendhem Jero.... Jeruuuuuu buaangeeett...

Gara-gara maca tulisane mak Citra Savitri, kanca ngeblogku, aku dadi pengin nulis nganggo Basa Jawa iki. Ben ora sok keminter lan kemenggres nanging lali karo basane dhewe. Kebeneran iki lagi ngelu ngrasakke kahanan bangsa sih sangsaya suwe sangsaya mbludreki.

Kaya sing lagi rame dadi 'trending topic' ki, masalah goyang dombret ning salah sawijining stasiyun tipi. Iki ora masalah pencemaran nama baik stasiyun sing bersangkutan lho ya, tapi iki jelas-jelas kasunyatan urip. Tambah akeh wae wong-wong ra mutu sing dumadakan dadi pusat perhatian. Oraaa...aku ora jeles, sumpriiit... aku terlalu ayu lan anggun yen dienggo bahan guyonan. Setuju ya Nda.... (ingkang langkung sepuh, ampun duka nggih kula celuk Nda, kan saged ugi punika singkatan saking Ayahanda, Bapaknda, Ibunda, Mamanda) ;)  Piye ndaaa.... Ojo ngono to ndeeesss.... iku celukan sayang nggo kanca-kanca cedhak, nggih nyuwun gunging samudra pangaksami menawi mboten kaleresan *trok thok thok thooookk.... tabuhan gamelan mulai :)

Ket pertama acara iku tayang ning tipi, atiku sueeriiiikkk buaangeeett.... Dadi ra duwe tontonan sing marai seger ning ati meneh. Ngene ceritane. Aku ki arang banget nonton tipi yen ning omah. Mulih seko kantor wis kesel, bar kuwi nguplek karo bocah-bocah. Nyepakke maem lan ngancani sinau mbarepku. Pas bar Isya' mulai jam wolu kan biyasane ning stasiun tipi nomer 4 (ning tipiku lho iki) mesti ono filem-filem apik. Lha kuwi sing iso dadi tombo kesel paling mantep. Masiya kerepe nyetel filem jaman taun ra enak kaya Die Hard (angel matine), Die Hard II - Die Harder (matine tambah angel), Die Hard With A Vengeance (bales-balesan nganti modar), terus nganti taun rongewu pitu metu meneh Live Free or Die Hard (milih ndi, urip gratisan po angel modare hehehee....), tipi kesayanganku iki nayangke terus. Bolak balik sisan, misale iku kaset ngono mungkin wis nglokor yak'e yo :)  Sing taun rongewu telulas, A Good Day to Die Hard (meh mati ae ndadak milih dina sing apik), aku lali ik, wes nonton po durung yoh... *luwehke wae :)

Sakliyane filem sing tokohe Bruce Willis iku mau, aku yo seneng banget nonton filem-fileme mas Mel Gibson kayata Lethal Weapon (kawit seko sing pertama nganti tekan sing kapat), Brave Heart, Ransom, Payback, lan The Patriot. Meh podo karo nasibe mas Willis ning Die Hard, mas Gibson senenge yo remuk-remukan yen pas eksyen. Momprot ra karu-karuwan rupane ning filem Lethal Weapon, nganti ono adegan dewekne nggawe balunge iso mengsle barang. Weleeehh... rodo nggilani sih jan-jane, ning tetep luwih nggilani sing acara goyang-goyang kuwi lah. Tapi aktinge ning The Patriot apik tenan. Didhapuk dadi salah sawijining pejuwang Amerika sing ngupayakke dilorote rasisme ning kana. Nekad nglawan Inggris sing maune pancen nguwasani dharatan Amerika. Wis, top tenan sing iki. Opomeneh ning Brave Heart, nganti nangis-nangis wis yen pas nonton. Monggo sami dipadosi kiyambak nggih trailer fileme, aku ra ngerti link-e ki.

Aku uga seneng nonton Tobey Maguire ning filem Spiderman, seri pertama nganti katelu. Opo maneh mas ganteng Brad Pitt ning filem Seven, Seven Years in Tibet, Devil's Own, Mr. & Mrs. Smith lan liya-liyane. Ning filem Seven Years in Tibet, mas Pitt meranke dadi pendaki gunung sing mangkat ning Himalaya. Ealah, wis nggantheng, pendaki sisan, jan koyok bapakne bocah-bocah mbiyen hehehee... *ra sah serik :p

Yen pemain filem wedok aku senenge nonton mbak Sandra Bullock ning filem Speed. Aku ora ngidola karo si Keanu Reeves babar blas je. Terus aku yo seneng ndelok aktinge Rene Russo ning film Lethal Weapon (apes men partner-an karo Mel Gibson hihihi...),  In The Line of Fire lan The Thomas Crown Affair. Mbakyu Catherin-Zeta Jones yo mumpuni tenan yen main film. Liyane ning Zorro, aku seneng tenan pas deknen main Entrapment, opo meneh maine karo aktor tuwo favoritku, mbah Sean Connery ;)  Wis alur ceritane apik, pemaine ngetop, lak yo ra tandingane karo acara goyang ra jelas kuwi to? Mathuk to?  *sing mathuk enggal komen yoh :)

Dadi iso ngrasakke to sepiro cuwane atiku rikala pas jam tayang filem-filem kesenanganku iku mau diganti karo tayangan sing saike nasibe garek ngenteni komplenane wong sakjagat raya. Tipi wes ra iso meneh dadi panglipur ati. Nonton berita? halah, kuwi ngono iso lewat internet. Rekane nonton tipi kan nggolek hiburan, malah entuk-entukane berita gas elpiji mundhak, ndedel sisan. 

Oalah Gusti, paringono welas ngene iki. Mosok iyo dadi wong cilik iku mung iso ngelus dhadha karo mendhem jero ngene iki. Jeruuuuuu buaangeeett.... Tatu atiku, ning ora iso piye-piye, mung isane nampa lan nampa wae. Mulane kanggo kanca kabeh sing iso dadi uwong penting ning pemerintahan, gatekna to nasibe rakyatmu iki. Masiyo tuku gas elpiji satus telung puluh lima ewu jik isa, ning lak mundhake sing meh tikel pindho iku iso dienggo blanja liyane neh. Seket ewu kan lumayan to nggo tuku buku. Iso entuk siji po loro, tergantung regane. Yen bukune rodo murah, yo iso entuk loro, ijek susuk pisan. Susuke iso nggo tuku uyah. Uyah iku penting lho nda, jajalen masak ra nganggo uyah, po enak rasane? :) 

69 komentar:

  1. Aku yo gak seneng ambek tontonan sing gak apik blas. Jorog-jorogan, tiba trus ngrusak barang, nyawurno glepung nang raine pemain liyo. Koyok tingkahe ae cilik ae.
    Nggolek duwik yo nggolek duwik, tapi mbok sing apik.

    Matur nuwun ya Jeng. Apik tulisan sampeyan iki.

    Salamku kanggo sliramu sing ayu

    BalasHapus
    Balasan
    1. matur nuwun pakdheku sing ngganthenge uleng2an niki :)

      Hapus
  2. sek sek angkatan piro to mak kok fileme sing filem layer tancep kabeh :-P *dikeprukElpiji

    BalasHapus
    Balasan
    1. Agkatan STOVIA ,jaman penjajahan ketok e

      Hapus
    2. cetho nek ngarang ah, mbiyen lak jeng Shinta sok nggeret2 aku nonton misbar sing judule Mak Slampir ikut to xixixiii.... Satria Madangkurang wkwkwkwkkk... sampek udan gak gelem menyat ngono loh :p

      Hapus
  3. daripada ndelok tayangan sek gak bermutu blas,mlayu nang jetivi wae...suweru iku mbk,pingkel2 hahahaha......muwanteb tenan ngeblog nggawe boso jowo,leggooo...

    BalasHapus
  4. Mathuk aku, Dik.... mula aku yo langsung nyamber komen... hehe.... Nik, aku kemekelen maca terjemahan bebasmu judul film angel mati lan anak putune iku...lha kok film2 liyane ora mbok terjemahna sisan, Cah Ayu? hehe....
    Wis..wis.. tinimbang kon nonton wong dho gojeg ra nggenah, aku milih maca leh mu ngudarasa nang kene wae.... terusna yo le nulis nganggo basa jawa ngene iki... mathuk tenan aku... hehe....

    BalasHapus
    Balasan
    1. ahihihiii...ngapuntene lho mba, nek nembe korslet nggih ngaten niki. Judul liyane yen diterjemahke ora lucu owg mba. Yuk gantian mba Mechta yg nulis ya, itu satu halaman aja lama nulisnya mba, kebanyakan le ngekek karepe dewe :D

      Hapus
  5. Qiqiqiqiqiqi...nha sik ngene iki sik tak tunggu...sssttt filem kui kabeh jamanku enom jeee.... # langsung njupuk koco ngiling - ngilingi uwan ! hahahah

    Paling seneng aku karo Mel Gibson, Sean Connery, Nicholas Cage sopo neh yoo ? Eh iyo Steven Seagal !

    BalasHapus
    Balasan
    1. Emang itu film jaman kuno owg Mba, aku kan ikut2 mbakyuku *howone kudu selak (mengingkari) :D

      Steven Seagal yo apik mba, tapi rodo mokal. Lha piye ora mokal, tukaran koq klambine iso ijek rapi terus. Ra tau keno diantem lawane.

      Hapus
  6. hahahaha...ngakak pokoke...aku yo pengin nduwe blog boso jowo mak. gara-gara sok moco tulisan jawatimuran sing makake kepingkel-pingkel. acarane tipi kuwi ncen ra jelas blas...ketoke sing penting kabeh wong sing pengin mlebu tipi iso melok...mulane pesertane akeh...mogo-mugo ndang dho sadar...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Matur nuwun Bu, sejatosipun kula pengin nulis Semarangan, nanging menawi mboten wonten percakapanipun kadose mboten medal ik Semarangane :)

      Iyo, mugo2 ndang dho sadar nggih

      Hapus
  7. Aku usul Nda, yen rak iso tuku uyah yo coba tambahi upil. Kuwi jelas asin malah rodok gurih sithik. Cobanen yen rak percoyo.

    BalasHapus
  8. Ngerti sedikit2 :D
    baca berulang2 ah, sekalian belajar bahasa Jawa :))

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hahahaa..klo gak ngerti ya gak usah terlalu dipikirin lho Rani, ntar malah stress :D

      Hapus
  9. Acara sing marai bangsa koplak cen kudu ndang dibuang jauh-jauh. Tipi kang nganggo frekuensi publik, pinjem seko pemerintah. Kudune mereka ga membabi buta ngeruk duit seko iklan tapi ngorbanke pemirsa sing unyu-unyu kayak akyu. Goyang-goyang rak jelas jan rak ono mutune. Aku pernah nonton acara sing dipetisi kuwi yo jan ga terhibur blas. Makane aneh kok ono wong liyo sing terhibur. Mungkin cen awakku ki wes koplak, walaupun ga sekoplak awakmu Nda.

    Aku yo seneng nonton bioskop stasiun tipi ikut. Sepidermen kuwi wes bosen aku. Ojo diputer meneh lah. Mel Gibson jadul tapi sih mayan. Kangmas Willis sing seksi mrip aku gakpopo sing die hard diputer terus, asal dudu armageddon, ga nikmat blas. the surrogate wae puter di tipi, idene apik puoll. Peleme Cak Van damme juga wes ga menarik. Akeh-akeh pelem kungfu ae aku seneng. Gus jackie chan ma om donni yen maknyuusss.

    Soal rego-rego sing mundhak, yo disabari ae Bu. Memang sih sih iso tuku, cuma yo pemerintah ojo adigang adigung ngunu. Rakyat kan akeh lapisane, kudu nyediakke proteksi marang rakyat supoyo urip tambah apik ing kahanan dunyo sing soyo mblarah. Duit luwihan kan iso dimanafaatke nggo tuku mainan anak utowo investasi buku. Ugo iso nggo tuku mangut welut bu nasimah sing legit kae. Utowo nggo tuku mobil mainan anak BMW kuning *modus*

    BalasHapus
    Balasan
    1. komene dowono toooo mosooowwwooohh... tapi takakoni komene Gus Rudi ncen mantep. Yen aktor berkebangsaan China aku seneng nonton koh Chou Yun Fat, fileme apik2 : Crouching Tiger Hidden Dragon, The Corruptor, Replacement Killer, Bulletproof Monk.

      Hapus
    2. Siji meneh Mbak: Curse of the Gloden Flower kuwi apik tenan critone, sinematografine ciamik, kolossal dan ga stereotip kayak plot pelem Barat sing hepi ending. Chow Yun Fat pancen apik ektinge, ga bedo adoh seko aku yen ekting dadi wong waras. Sing pelem Dragon Ball kuwi tp kurang greget soale peleme yo kecepeten.

      Hapus
    3. Aku ra pati seneng sing iku mas, gemes banget ndelok Gong Li main kotor ke anak2nya sang emperor :(
      Jo salah, ra kabeh filem Barat happy ending, salah satu sing taksenengi Perfect Storm, lakone mati to? Trus Brave Heart, matine ngenes pulak, sampek saiki yen tekan bagian dipateni iku mesti langsung takpateni fileme :( The Corruptor juga unhappy ending.

      Hapus
  10. Mbak Uniek aku aku wes lali maca tulisan kaya ngene iki. Dadi eling pelajaran bahasa daerah zaman sekolah SD biyen. Huruf a macane o. Aku kulinane nggawe tulisan mocone o yo ditulis nganggo huruf o. Yo ngerti se nek iku kliru tapi ben cepet ae nulise wkwk.. *nah tulisanku paleh dadi jowo suroboyo wkwk*

    BalasHapus
    Balasan
    1. aku sing gak urip nduk Suroboyo ae yo wes akeh terkontaminasi owg mba hehehee...sante mawon lakwis

      Hapus
  11. Mbak Uniek aku ngakak pas moco artine Die Hard. Wes urip gratisan, angel modare wkwk..
    Nah kan tulisanku kewoco suroboyo banget.. nek nulis ngene iso cepet aku mbak :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. iku terjemahane Die Hard wes beredar lama koq mba, jaman masih usum mailing list itu loh *opo meneh kuwiiii...

      Hapus
    2. coba nek mbak uniek kon ndelok tontonan pelem nang JTV sing diisi dubbing jowo mbak, wah iso-iso kemekelen ngempet gudal *eh*

      Hapus
    3. gudal ki anake kebo yo mas? koq iso diempet? ah mbingungi deh dirimyuuuu :p

      Hapus
  12. kula maos seratan ingkang edi punika sinambi gumujengan, sampean pancen lantip nyerat ngaggem basa jawi. kula tengga seratan salajengipun mbakyu :)

    http://jarwadi.me
    http://jarwadi.blogdetik.com

    BalasHapus
    Balasan
    1. waduh, kula lingsem punika, kasumurupan kakangmas ingkang prigel ngagem basa krama. tulisan kula semrawut pooollll :D

      Hapus
  13. Ra mudeng aku lihat film ngono. wkwkwkwk..... (bingung Mba komennya)

    Salam,

    BalasHapus
  14. Asli lucu tenan mbakyu ..... ngekek dewe moco terjemahanmu die hard ..... sampe bojoku takok.... tak jelaske yo malah aku dianggep aneh ..... yo wes whatever lah .... hihihi. # Ferdy

    BalasHapus
    Balasan
    1. ho oh Fer, kadang2 ncen guyonan bojo jowo ki angel le nerjemahke :D

      Hapus
  15. Wkwkwk.. Ngakak guling2 moco tulisan iki Mbak.. Aku kok dadi Mbayanke filem die hard di dubbing boso jowo kaya di je tipi iku.. Ga sido tegang malah ngekek trs yoo... Mbak unik kelingan knight rider? Filem jaman jebat, di je tipi di dubbing boso suroboyo medok.. Lucu pooll :-P
    Aku yo sweeebeeelll bgt Karo acara2 ga mutu iku, ga lucu blas, njelehi pooll... Goro2 acara iku aku seben wengi nontone dora Karo barney Mbak :(

    BalasHapus
    Balasan
    1. iya, aku pernah baca postingan di WB tentang terjemahan di JTV itu. aku ngiri loh koq ning tipiku ora ono hiks... padahal kan pengin ngekek2 juga

      Hapus
    2. Diik.., piye nek mroduksi dewe dabingan (halah apa ta ikii?? hehe) basa Semarangan? wkwkwk....

      Hapus
    3. golekke produsere to mbak, aku taksing dadi dubber wae *mbayangke dadi Cat Woman sing lagi ngobrol karo kucing : piye perasaanmu Cing yen koyo ngene? Terus kucinge nyauri : ra piye2 Cong, lha kowe dewe piye perasaanmu? Ealah ayu2 koq diundang Cong :D

      Hapus
  16. Mak, lek diucapne lisan iku biasa ae, tapi lek ditulis kok yo koyo rodok aneh ngono yoo #mlayuuuu :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. lha wes piye Mak Icoel, meh gawe postingan koyok shooting, ngko dho mblenger ndeloki rupaku, mangkane yo mung iso lewat tulisan koyok ngene :p

      Hapus
  17. Walah mbak Uniek... kok uakeh banget sing ndadekne abot ing ati ya?
    Mulai saka acara tivi sing saya suwe saya ora jelas karepe... nganti elpiji sing mbledhos.. eh salah, elpiji sing regane mundhak gila-gilaan.

    Ora lo yoooo... ngomong soal Die Hard... awale sih apik, diarani angel mati. La kok suwe2 bahasane ganti modhar ki piye to? hehehe... saking pegele sajake yo mbak :p

    BalasHapus
    Balasan
    1. hihihiii...mboten usah dilebetaken pikir mbakyu, namung ngudarasa mawon koq ;)

      iku seko mati terus malih dadi modar mung niru seko sumber2 sing nerjemahke judul fileme koq mba, ora mergo saking pegele :D

      Hapus
  18. Mbak Uniek, rumangsaku filem2 action iku kok nggilani, lakone podo kemringet, ndahneo ambune... ojo cedak2 tipi..

    BalasHapus
    Balasan
    1. Rak mung kuwi Mbak. Pemaine yo dho rak kesel, rak pegel padahal meloncat mrono mrene gedebag-gedebug nanging dapure yo ora beset sithik blas. Kadang malah pirang-pirang dino ora adus utowo turu. Lha kok kuat, wkwkwkw...

      Hapus
    2. hahahaaa...mba Arin malah lucu banget. etapi aq trus kepikiran pengin nyedhak sing mambu kuwi mau lho mba ;) pengin mbuktekke keringete bintang filem ki po yo mambu koyo kringete mas Belalang wkwkwkkk...

      Hapus
  19. aku yo setuju mbak, nek uyah iku penting, sak liyane nggo masak, keno nggo tombo loro untu (dudu loro ati sing jeruuuuu tatune, hehe..), carane ngene: uyah dicampur banyu anget nang gelas, terus dinggo kemu ping telu (neh ping telung atus malah kesel), terus disemprotno (ora dileg), trus digawe turu, biasa terus enteng.

    BalasHapus
    Balasan
    1. bhihihiiik... pak ustadz keren, lucu sekaligus seriyus. nggih pak, soal banyu uyah niki mpun nate diparingi priksa kanjeng ibu. mboten patos manjur pak, amargi untu kula pun rojah rajeh :'(

      Hapus
  20. hahahaha mbak uniek ki boso jowone ketoke jowo timuran ya...kok ono "masiyo" harang ik hehehe....iyo mbak podho aku yo sebel...wingi pengen ndelok fileme gerard butler karo jeniper aniston tak enteni nganti ngantuk acara ra mutu kui ora bar-bar...nganti juweh aku hahaha...akhire yo ra sido nonton, kalah karo ngantuk

    mbak langganan tipi kabel ae mbak, ben bebas stress, nonton pilem holiwud terus hehehe

    BalasHapus
    Balasan
    1. Masiyo ki dudu boso jowo timuran mbak, iku ukara umum boso jowo. Lah njenengan mboten setiti, aku lak ora tau nganggo ukara 'gak', jal monggo dipirsani malih, aku mesti nulis 'ra' lho, iku jelas wes beda hehehee... Jajal yen aku nulisku takcetha-cethake dadi 'orak ik' po 'orak owg' mesti langsung ngerti iki boso jowo sing bageyan ngendi :D

      Beuhh...langganan tipi kabel eman2 to mba, wong nontonku mung seko jam wolu utawa jam sanga mbengi tekan tengah wengi thok. Istilahe mung butuh tontonan seger nggo pengantar turu

      Hapus
  21. hahahaha... tulisanipun langkung sae tinimbang tayangan tipi ingkang mboten mutu blas mbak, trus saget ndamel tiyang ketingal edan (*dadi ngguya ngguyu dewe ning ngarep leptop),
    pokokmen top sanget lah :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. elah, konangan mas Luluk ik, yuk mas standup ning PKM yuk hihihiii... opomeneh yen ono traktiran seko juragan es krim wlingi, wiiihh...syedeeeep

      Hapus
  22. oalaah mbak uniek...
    awak baru maen2 ke sini langsung boso jowo iki
    tak buka kamus sik

    BalasHapus
    Balasan
    1. hehehee...klo gak tau artinya mungkin bisa baca postingan lainnya aja mba ;) *tetep promosi

      Hapus
  23. Ya ampuuun bosomu mbak wkwkwkwkwkkkk..... Jowone koplak tenan. Opo meneh nggon Die Hard. Hahahahaaa.... Yen pilem londo sing gawe atiku serik banget ki Legend Of The Falls, sing ono Brad Pitt e. Kok bejo men, pemaine cewek si Julia Ormond ditresnani 3 kakang adi nggantheng2. Tapi jare anakku sing ketemu Dewi Persik pas study tour ning OVJ Transtv wingi, "Dewi Persik itu orangnya ramah banget deh mah." Ciloko, kok njuk kesengsem Depe. Trenyuh meneh wong study tour kok nyang OVJ. Gusti Allah, nyuwun kawelasan.

    BalasHapus
    Balasan
    1. lah kecian banget sih mak study tour koq diarahkan ke acara itu, mbok sekalian ke tipi yg setajam silet itu ajah :D

      eeee itu Legend of The Falls, kenapa sih Brad Pitt itu selalu aja digandrungi ama perempuan ya di filmnya, bikin gak enak hati aja hehehehee...

      Hapus
  24. Aku gak ngerti seutuhnya isi postingan ini, tapi bagus melestarikan/mempopulerkan bahasa Jawa lewat blog.. yang aku ngerti itu >> si Catherine Zeta Jones kece banget di poster film Entrapment :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. ahahahaa Ma Yos cepet aja klo ngeliat cewek kece ;)

      Hapus
  25. saiki luwih seneng tumbas dvd wae, mbae, hiburane nonton film ning laptop utowo donlod running man (wong lanang mlayu-mlayu).. mergo acara tv lokal saiki jarang ono sing apik, paling sing apik iku yo sak ngertiku mung si bolang, trus opo meneh kae sing ono lumba2ne, acara masak2 sing tukang masake dudu wedok kuwi lumayan apik mbae, mergo kuwi aku mbean bojoku setuju nek moh tumbas tv, hehehe...

    BalasHapus
    Balasan
    1. masalahe laptopku ora iso nggo nyetel dipidi mba, jadi tetep harus pake player plus tipi, terpaksa sekali2 nyetel deh

      Hapus
  26. tapi nek kakehan uyah marakne darah tinggi jare dokter

    BalasHapus
  27. Pemilihan film bioskop menunjukkan angkatan, ups *kabuuurrr.

    BalasHapus
    Balasan
    1. iya bener itu, ngaku deh klo aku kalah angkatan ama Wuri yg hobi nonton Dr. No-nya Sean Connery xixixixiii....

      Hapus
  28. Yen nyawang sliramu uga kelakuanmu wis wajar nek senengane nontone film sing isine antem-anteman, bacok-bacokan karo bedhil-bedhilan, ora mungkin kowe melu jogetan koyo enthung klugat-kluget....
    lha siki trus arep piye maneh jal???

    BalasHapus
    Balasan
    1. Masalahe dudu nggo aku, Mas Cuplis, nggo rakyat sakIndonesia Raya tercinta iku lho, mosok yo disuguhi acara sing kaya mengkono terus-terusan. Meh dadi wong sing piye maneh awake dewe ngko, saiki wae wis terpuruk ndlosor kaya ngene lho. Mosok sliramu ora prihatin?

      Hapus
  29. huahuahua... biyuh biyuh bahasa jowone muantep ndaaa... Peh, aku ora pati apal nek pilm pilm jaman biyen. Mungkin mergo diriku gak begitu ngefens karo film eksyen ya. Senenganku film snig berbau fantasi. Maklum wajahku iki khan yo mengandung mejik ganteng enek ajaib ajaibe sitik hahaha.

    Yowis dilanjut postingan boso jowone. Ben gak luntur iki boso jowo. Wong jowo ora bakal merdeka nek komunikasi karo wong jowo liyane nggawe bahasa endonesa.

    BalasHapus
    Balasan
    1. buahaha ganteng mejik ki njuk piyeee.. film fantasimu senengane sing opo Ndop? koyok Transformer ngono tah?

      Hapus
  30. Ohmaigatt..mbak uniek nduwe postingan boso jowo toh..haha.. Aku yo seneng moco postingane Citra Savitri sing nggae boso jowo malangan mbak..asli kemekkelen dewe mocone. Wahh nek pilem sik tas tak bahas nang postingan paling anyarku �� jajal incengen ndaaa �� yo sing ngono kui lah tontokane.. Btw..opo tak njajal nggawe postingan boso meduro yo..hahaha

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hahaha iyo dijajal wae Mba, ning aq ngko lak ra mudeng yoh hihiii.. ra iso Meduronan aq mba.

      Hapus
  31. 7years in Tibet.
    Gk tau udh berpa balas kali kutinton. Tp ttp gak bosen2.
    It's a great movie ever make !

    BalasHapus