02 September 2014

Tilpun Keset

Lah, mosok ono tilpun marai keset? 

Sik siiiik... genahke sik frekuensimu, Nda. Iki dudu keset koyok iklan cairan pembersih kewanitaan loh. Keset iki mangsudku males. Byuuh byuuuh... yo ngene iki yen keyboarde ora ana tandha taling utawa pepet, dadi ora jelas mbedakno [e] pas ngucap t[e]mpe lan p[e]gel.

Nah, mbalik ning tilpun keset mau, jan-jane arep ngomongke opo to?

Iki loh, aku lagi gumun, eeee jaman saiki ono yoh tilpun ndadak dicagaki barang. Takkiro mung carrier munggah gunung thok sing ono cagake *mesem sinis marang si Anibudin Zuhro :p

ngampil gambar saking mriki
Dadi ngene, wong jaman saiki ki lak meh patlikur jam anggone nyekel tilpun, utawa luwih pase taksebut smartphone yoh. Dulit iki dulit iku, nyekrol munggah medhun ngetan ngulon, mbuh opooooo wae sing diwaca lan dikerjakke. Mula njuk tangane pegel kesuwen nyekel tilpune. Butuh asisten khusus nggo nyekeli tilpun pintere mau.

Aku ki nembeeee ae ngerti loh ning salah sawijining online shop babagan tilpun keset iki. Taksawang-sawang, eeehh ketoke yo apik tenan. Pas lagi diskon san, regane ora ngasi seket ewu tibane.  *plis deh ah, iku dudu job ripiu utawa nge-buzz :)

Piye miturutmu, para sedulur, mupangat tenan yoh yen duwe cagak tilpun iki. Aku loh kerep lalinan, ndokok tilpunku ning ndi. Bola bali dimiskol, kesingsal ning ndiiii bae. Kadang-kadang pas dimiskol batrene pas entek sisan. Ngalamat tambah suwe le kesingsal. Jajal yen duwe cagak iki, lak tilpunku garek temangsangke wae ning kono, ora perlu bolak balik nggoleki.

***iklan lewat : Bojoku kemliwer lan noleh sediluk. Njuk taksambati, "Pakne, pundhutke iki loh tilpun keset, murah ki, mumpung lagi diskon ning onlensop. Mengkooo...."
"Sik Bu, aku tak memburi sik, wetengku mules ki."
Ora sopan. Huh.

Lanjoooottt....

Nah, sakliyane ben ora lali le ndokok tilpun, ketoke cagak iki yo iso mendukung hobiku yoh. Seneng potrat potret dhewe, ethok-ethoke mesem lan ora ndelokke kamera, ben dikiro difoto wong liya.

Tilpune lak iso diwenehi timer, sepuluh detik ngono lah, pas banget nggo nata esem lan gaya modhel terkini. ....tri...tu....wan.... cepreeettt... beres wis, sakjebole memory card anggonku potrat potret yen duwe tilpun keset iki.

Piye Bune, mau meh matur apa? Dumadakan bojoku liwat meneh.

Rada ra patiyo takgatekke olehe tekon, ngko ditinggal memburi meneh malah dadi gelaku.

Piye piyeee... ana apa?

Eeeehh... serius jebule le takon, kesempatan kiy.

Iki loh Pakne, cagak sing diarani tilpun keset iki pas banget yoh. Dadi awake dhewe ora kesel meneh le nyekel henpon. Tangane iso kanggo ngerjakke liyane. Dadi iso luwih efektif ngono loh wektune.

Dadi awakmu pengin ta Bu duwe sing koyok ngono iku mau? Jajal didelok dhisik henponmu jenise apa? Pantes po ra nganggo cagak iku?

Aku njuk kamitenggengen ndelok henponku. Dumadakan ana rasa lara ning dhadhaku. Kelara-lara nyawang gambar tilpun keset mau, njuk delok tilpun sejuta umatku. 

Iyo yo, cagak iku mau iso nggenggem henponku po ora yoh? 



* Crita iki mung pacelathon ngayawara, aja nemen-nemen dilebokne ati :)

17 komentar:

  1. Oalah, Yu, Yu, Aku yo gek ngerti ono cagak khusus nggo telpon cekel...weleh2

    BalasHapus
  2. haaa... bahasa jawa toh, saya gak ngerti mak... hehehe...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Maaf Mak, tadi kan udah eike kasih pengantar kalau postingan ini roaming ;)

      Hapus
  3. Ahahaha.. Keren Bulik.

    Kalau kata Cak Ilham, ini namanya Bhineka Tunggal Ika. Jika hanya berbahasa Indonesia, kita tidak menjadi bagian dari ke-bhineka-an Indonesia :)

    BalasHapus
  4. Aku njalok henpon sing cuma ngomong langsung ngetik dewe ono, Bu? *Modyar kowe

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ono Pakne, suk entenono pas bodo kucing lak rilis lan promo gedhe2nan ning sosmed :p

      Hapus
  5. Wkwk....tak kira telpone nganggo keset sikil (sing ana tulisane welkom kae lhooo)..

    BalasHapus
  6. Kamitenggengen karo banting2 BB jadul ora, sih? :D
    Tukuneen siki, sekalian smartpun-e juga. . .

    BalasHapus
  7. oalah aku yo gelem cagak telpon iki. Mak Uniek kok iso nemu ae barang koyo ngene :D

    BalasHapus
  8. cagak henpon tow jenenge, nembe ngerti aku, xixixixi

    BalasHapus
  9. opo ora luwih murah yen cagak pring disisiki bulik??
    wes jyan ono2 wae wong saiki yo..
    gek lek ndang tumbas bulik mengko aku nyilih,..

    BalasHapus
  10. nek hapene koyok ngono, cocokke diwadahi tas kresek wae mbak
    kresek sing lurik nek iso

    BalasHapus
  11. Hahahaha, tilpune ya ora keset, sing keset sing duwe tilpun kuwi :)

    BalasHapus
  12. Maca artikel kok karo ngguyu ngakak. Ketok jawane banget hehe mbak uniek kok kober2 men gawe tulisan basa jawa
    Haha

    BalasHapus
  13. Njuk pengen tuku tilpon keset, eh cagak tilpon keset e, ningndi tukune mbaak? ��������

    BalasHapus
  14. Aku kena roaming mbake :D

    Salam,
    Senya

    BalasHapus