02 Mei 2014

Mbokmenowo Aku Yo Ngono

Jiaaan tenan, rumangsaku kok heboh banget yoh urusan pilem sing dijiplak kuwi. Tapi ncen ra duwe isin kuwi sing njiplak. Mbok yo golek crita liyane ngono piye, mas-mas sing rupane ayu ngono wae kok ditiru *hora pareng nesu nggih sing militan nonton ;)

Aku ra tau nonton sinetron, dadi ra patiyo ngerti mubeng-mubenge lelakon ning jagad per-tipi-an. Opomeneh disambungke ning crita drama negeri ginseng kuwi. Lha ora mudeng babar blas je. Yen jare sobat bloggerku iku sing diarani uripe melas tenan, ra ono meriyah-meriyahe hehehe... wes ben, aku ikhlas kok.

Jan-jane ngopo to kok dho serik pas critane ditiru ning Indonesia? Mbok ben ngono lhooooo *langsung ditampek papan gilesan kumbahan 

Eeee mbokmenowo aku iso guneman entheng ngene iki merga ora ngrasakne 'ikatan batin' sing kuwat yoh antarane awake dhewe sing nonton karo pemaine. Kuwate koyok opo siyyy... kuwat koyok cengkereman ngerine dementor ning pilem Harry Potter po? ;)

dementor lagi 'ngerjani' Dudley


Mudheng po ra iku cerito opo jal? Hayyyahhh...yo nek ora mudheng wajar wae lah, koyok aku ra mudeng tontonan sing takjelaske ning bageyan paling nduwur mau. Gambar iku salah sawijining scene ning pilem Harry Potter and the Order of Phoenix. Pilem sing diwiwiti seko seri kapisan pas pemeran utamane (Daniel Radcliffe) ijek cilik kinyis kinyis ;)

Ning menurut perasaanku, aku luwih seneng nonton pas Harpot ijek cilik. Luwih unyuuu ngono loh, kaca matane sing bunder nggilani iku marai merem melek pas nonton *nonton sinambi uthek-uthek curek soale ;)  Mesakke lho Harpot ki, ket cilik wes ra duwe wong tuwo, diopeni paklik lan bulike sing jahate ra karuwan. Mulakno aku yo nggumun, jan-jane sing nukokke kaca mata iku sopo? Wong menehi mangan lan paturon ae siyo-siyo banget loh paklik Dursley kuwi, lha kok gelem nukokne kaca mata. Jal nalare piye? *mbuh karepmu
 
Pas wes dadi jaka njuk dadi ra patiyo nggantheng je. Lha untunge budhe Rowling wes nyukupke cerita Harpot iku tekan semono wae. Ben kenangan rupa kiyut-e Harpot isa tetep mbekas ning atiku iki. Ono sing pengin mbandhem aku nganggo novel Harpot seko seri pertama tekan sing paling keri?? ;)  



Ojo toooo....Ojo jengkel yoh nek aku terus terang ngandhani bocah paling nggantheng seantero Hogwarts iku justru cah rambut pirang siji iki loh *siyap-siyap Nimbus 2015 ben iso mibur biyaanter sakdurunge di Avadakedavra hehehe...

Aku terus njajal mbayangke, nek pilem iki di-Indonesia-ke, sopo kira-kira sing miturut ati nuranimu paling pantes dadi Harpot? Nek aku lho yooo, nek aku, yo mesti ora trimo sopo wae dadi Harpot. Nyidrani imej Privet Drive 'til Hogwarts' journey-ne Harpot to?

Mbokmenowo aku yo ngono, yo koyok iku para pemirsa tayangan drama negri ginseng sing dho setiya setengah urip. Ndongaku ra uwis-uwis, muga-muga para pengusaha sinetron Indonesia wes sadhar yen njiplak iku ora apik. Jal praupane pemimpin production house-e menowo dijiplak dadi koyok Dobby, gelem po? :p



*kabeh gambar ngampil seko harrypotter.wikia.com

26 komentar:

  1. paaas... temen, leh mu nggawe perbandingan, Dik... rasa ora lilamu yen Harpot dijiplak mesti seimbang karo rasane Erry, mbak Esti dkk saiki hehe... Sik-sik... lha nek Dobby unyuuu iku, sapa sing paling pantes meranke yo? wkwkwk...

    BalasHapus
  2. Iki ora ngerti mbaaaaa...
    Basa Sunda aja atuh laaaaah...hihihi...

    Ada apa dengan Harry Potter iniiih?

    BalasHapus
    Balasan
    1. teu aya nanaon bibiiii... ini sekedar simpati Harpot lover pada drakor lover koq, cuma kalau dibuat dalam bahasa Indonesia jadi enggak lucu xixixii... maaf yak roaming, mungkin bisa minta tolong abah utk translate :D :D

      Hapus
  3. Sek, mak, tak golek translate.

    Tapi aku ngerti kok :p

    BalasHapus
  4. nek jiplake dadi apik jih mending, lha iki tmbah dadi aneh kok :p

    BalasHapus
    Balasan
    1. njiplak ki meh apik po elek yo tetep ae ra pantes maaak :p

      Hapus
  5. kok yo ora kreatif blas...sing delok ae isin...aku krungu tok yo isin...tapi yo mbuh maneh nek wis kerjasama kro film sing asline mak...trus bagi hasil...hahaha...kan iso ae ngunu...mbokmenowo lo yo...

    BalasHapus
    Balasan
    1. takkiro yo ngono mak, lha tapi jebule dituntut ngono je

      Hapus
  6. Pilem-pilem londo aku ora patek demen mbak uniek, aluwong satria madangkara. Biyen aku kesengsem suwarane feri fadli, tibakno wonge langsing.

    BalasHapus
    Balasan
    1. eh, yuswanipun pinten mbah koq mirsani pilem niku. kula mboten sumerep pilem niku mbah ahahahaa....

      Hapus
  7. aku minta bantuan mbah goggle dulu untuk terjemahkan artikel ini....
    keep happy blogging always...salam dari Makassar :-)

    BalasHapus
    Balasan
    1. hihihii maaf ya Pak Hari, udah sy warning lho di saat share artikel ;) maaf blm bikin bilingual version :D

      Hapus
  8. nek harpot dijiplak rasane ga rela, mbakkk. mbuh sopo wae artise sing maen tetep wae merusak imajinasi. haha

    BalasHapus
    Balasan
    1. bweeetooooll banget Ila, kebangeten tenan nek iku ;)

      Hapus
  9. Sakjane ora usah dijiplak, cukup didubbing wae nganggo boso jowo, iso ngoko lan krama. luweh becik maneh menawa jeneng karaktere diganti nganggo jeneng karakter Jawa. contone Harry Potter diganti Hariyanto. apik ugo lucu mbak.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nah, mathuk aku karo usule panjenengan mas, kayak ning JTV iku yoh, pilem The A Team didubbing nganggo boso Suroboyo-nan komplit sak danc*k-e barang hehehee, gayeng tenan sajake. Sayang ning Semarang ra iso nonton JTV, jan ra asik tenan :'(

      Hapus
  10. hihihi... aku ora ngerti mak Uniek..... :)

    BalasHapus
  11. Hahahaha. . .
    Ya prige maning, mungkin idene lagi mentok. Dadine njiplakerssss. . . :D

    Herpot emang gantenga pas cilik. Kiyuut bgtt yo, Mak Antag.

    BalasHapus
  12. xixi...parah aku....wis ora tau nonton pilem negeri ginseng...opo maneh ngerti jiplakanne koyo opo yo aku tambah ora weruh... aku sih setuju wae yen serial Harry Potter dijiplak....yen bisa nyaingi keren-e. Nek ora bisa yo mending ora usah,daripada ditunyuli jarum pentul seluruh penggemar HarPot sak dunia...Bener nik,untung Jeng J.K menyudahi sampai disitu...yen ora kok aku ora bakalan tego weruh Daniel Radcliffe menua (trus tambah ora ono nggantenge koyo wong ora kopen ning film Woman in Black)....kalah ganteng karo Malfoy neh!!:p

    BalasHapus
  13. Njajal aku tak komen nganggo boso Jowo, opo isih pantes ya? haduuuuh...Indonesia hayolah pada kreatif...sekreatif Mak Uniek sing ngawe postingan nganggo boso Jowo. KEren iiich

    BalasHapus
  14. Hahaha mbak Uniek memang keren iso nulis Basa Jawa apik banget..
    Aku tau njajal malah mumet dewe owk, mbak..

    BalasHapus
    Balasan
    1. mosok siiiyy...kan garek nulis ae ;) tata bahasa ra sah dipikirke :p

      Hapus
  15. hiks hiks.... setengahe ngerti sisane embuh...... #akurapopo

    BalasHapus