03 September 2015

Mangan (ra) Enak


Yuhuuu...gajiaaaannn.... iso mangan enak ki bar iki :)

Wis pirang-pirang sasi iki pancen jatah gajian mundur terus tanggale. Mulakno angger tekan akhir wulan ngono kae wes ketar-ketir rasane. Trus malah iso dienggo totohan barang (jan-jane iki ra pareng lho) njajal sasi ngarep gajian tanggal piro. Wealah, wis ngelu ngrasakke ke-pending blanja malah kudu mikir anggaran nggo totohan barang. Repooottt....

Jan-jane sih gajiku isih wutuh, malah turahan THR wingi kae ijek akeh. Ning yen aku ora melu-melu nggresula koyok kanca-kancaku kan ngko piyeeeee.... Daraki meh anti mainstream... ra penak to yoooo... Mula terus aku yo melu solider, mangane yo dipas-paske karo season tanggal tuwa ;)  Sega rames(ti) lawuh tahu tempe wae. Takpendhem jero wae kasunyatan nek jan-jane duwitku ijik sakthekrak :)

Nah, begitu gajian kan iso mangan enak ki. Njaluk tulung office girl (OG) ning kantor nggo nukokke sega padhang. Hahahaa... oalah wong ndeso, mangan enak kok yo mung sega padhang tok lho obsesine :)

"Tukokne sega padhang yo Liz, lawuhe ayam, sing dhadha. Nganggo kuah rendang sing akeh." Ngono mau kuwi pesenku karo Liz (dudu jeneng asline), OG sing manis kinyis-kinyis.

"Njih Mba...."  Liz bablas mangkat ning warung. Aku ya selak pengin mangan sego padhang idamanku, soale isuk mau durung sarapan. Mripatku wis krasa kremun-kremun, awakku ndredeg. Mbokmenawa wis ngelih tenan iki.

Sepira senengku weruh blegere Liz wis tekan ruanganku meneh. Elah, cepet banget ik le tuku.

"Mba, dhodhone ora ono, iki taktukokke paha. Kersa nopo mboten?" pitakone Liz.

Oalah Liiizzz....Liiiizzz... wis pirang taun nukokke aku sega kok ijek durung apal nek aku ora doyan pupu. Ning yo meh muni ngono kuwi mau ora tegel. Lha wong aku ki yo mung njaluk tulung lho, mosok kok meh maido.

"Kuwi nggo kowe wae Liz, wes nyoh taksangoni duwit meneh, tukuwo rendang wae yo." Jan, aku apikan tenan yoh, koyok dewi seko kayangan *gubraaakk...dewine sing asli ceblok

Liz banjur mbalik warung meneh, koyok setrika wae sliwar-sliwer gara-gara pupu pitik. Mesakke ik. Tapi kan aku kudu tegas, kudu ngugemi prinsip. Ngko nek Liz duwe pikiran aku ki wong sing gampangan piye jal. Lak ora kajen to aku mengko.

Ora watara suwe Liz wis tekan ruanganku meneh, menehke bungkusan rendang sing duduhe sajak uinuuukk biyanget. Gage-gage le ku meh mangan. Ning ijik takempet ben rada wibawa sithik ning ngarepe Liz.

"Wis kana, kowe yo ndang maem yo Liz, iku pupune nggo kowe wae."

"Injih Mba, matur nuwun," saurane Liz.

Wejiiiiaannn... dina iki aku dadi malaikate Liz ketoke *macak mesem ayu anggun

Wis ora sranta rasane kudu ndang mangan sega padhang. Kapan meneh mangan enak yen ora pas tanggal enom ngene iki. Bungkusan sega takbukak, rendang takguyangke ning ndhuwure sega. Tangan tengen nyekel sendhok, tangan kiwa nyekel krupuk terung. Wis siap tempur tenan iki aku.

Klethuk...klethuukk... eladalah opo ikiiii.... Segane kok rasane aneh. Duh Gusti cobaan apa meneh iki sakwise tragedi pupu mau?


Cepet-cepet nyandhak wedang tehku. Cleguk...cleguuukk... takombeni sing akeh. 

Enake iki takteruske opo ora yo le mangan? Dilematis banget ik. Perjuangan le entuk sega padhang wae wis dilakoni Liz, ndadak nganggo mbaleni tuku lawuh neh. Mosok meh ora takenteke manganku iki. Tapi......

Rekane pengin mangan enak, jebule bakule ning warung padhang iku yo rodo trondholo. Sega nglethis kok yo didol ki lho. Kira-kira nek bakule dikon mangan kabeh sega sakliwetan iki njajal piye perasaane? 

Rendang taksawang-sawang karo mbrebes mili..... Ning aku yo paham, ora entuk nggresula. Ijik iso tuku sega padhang lak berarti ijik diparingi rejeki sing akeh karo Gusti. Piwulang apik-apik seka wong tuwaku tansah takeling-eling. Mbokmenawa pancen wis kudu ngene kahanane.


-----
foto ngampil saking unsplash.com under CC0 license

37 komentar:

  1. Waduhhhhh.... nasibmu lagi kojur tenan, Mbak.... ira

    BalasHapus
  2. Mangan (ra) Enak,
    Dilematis banget ki, coba bulik hunting kuliner ke Malang dijamin ...

    BalasHapus
  3. Coba wedange mau disiramke neng segane, mbok menawa segane dadi ora nglethis...... *kaburrrrr

    BalasHapus
  4. Ckckckck.. mesakke timen iku segane mlethis hihihi..
    Leres, Mbak, mbok mlethis.. namine rejeki kedah disukuri
    *sukuuuur* #eh *njur dkeplak :P

    BalasHapus
  5. Mbak segone nglethis mergo rung moco Bismillah, kuwii.. :D
    Curhate gajian meh podo jamanku biyen, Mbak. Wahaye gajian mesti ono wae alangane. Sing Bos'e lungo lah, sing akuntinge ra mlebu. Sampek guyonane kanca-kanca, "piye nek gajiane di lumpukno telung ulang mesisan, ben utange nglumpuk dhisek" haha

    BalasHapus
  6. Mbakyuuu....aku entuk ngguyu sik ora?
    Huahahahaha........Ngahahaha...wkwkwkwk......
    Nasibmu, Bu....Bu....
    Hla takkira ki panjenengan sik ngliwet kurang banyu, e lha jebul bakule nasi padang sebabe. Etapi Bu, sik jenenge sega padang ki pancen ora empukk kaya sega jawa. Mawur ngono kae yho.... Ning yho ora nganti nglethis2 banget lah.. Istilahe nang daerahku ki sego pera...

    BalasHapus
    Balasan
    1. Mba Tt...nglethis sama pera lain loh... sega pera aq ya seneng, ala ala bancakan ning kampungku kae. Masiyo maem e kudu nyandhing banyu sakember, tapi sega pera ki enak. Nek nglethis iku kan mmg durung wayahe dientas seka liwetan :(

      Hapus
    2. Hahaha..yen nglethis kui tandane kudu dicuthiki lawuhe wae.wkwkwk

      Hapus
    3. Hahaha..yen nglethis kui tandane kudu dicuthiki lawuhe wae.wkwkwk

      Hapus
  7. aku senyum-senyum sendiri bacanya, oalah palingan kurang banyu iku adange Mbak.

    BalasHapus
  8. Aku ngerti kenopo segone kletis, mau mesti ora ndonga sek nek arep mangan. Saking wis ngeleh yow, mbakyu? :p

    BalasHapus
  9. Wis trimak2na, Dik... Mbokmenawa iku ujian arep entuk rejeki akeeeh... Hehe... *ngulungke theklek nggo nyawat bakule...

    BalasHapus
    Balasan
    1. nampani theklek karo ditambahi watu cilik2 sakgenggem :D

      Hapus
  10. Segane nglethis..siap2 mules wae bulik..wakakakaka....nasib yaa tanggal enom kepengen dhadha malah anane pupu...begitu intuk rendang segane ora kebeneran...sabar bulik yoo...sisuk gentian gawa sega dewe tuku lauk padang..malahan irit.wkwkwk

    BalasHapus
  11. Awww, Uniek, aku paham perasaanmu! Hihihi, tapi yo lucu juga ki, maaf ya sedikit tersenyum ^_^ Love, Sheila X

    BalasHapus
    Balasan
    1. Aku tersinggung yen kowe mung sedikit tersenyum :D :D

      Hapus
  12. betul sekali mbak..lek gajian iso mangan enak hahaha tapi jgan salah juga walaupun akeh duwek mangane yo tetep tahu tempe...huahahaha

    BalasHapus
  13. Walah Mbak, cekyo melasmen nasibmu. Wes ngenteni suwi segone, saiki enthuk sego seng kemratak :D
    *aku ngguyu gpp yo mbak*

    BalasHapus
    Balasan
    1. ga pa2 mba...ncen iki lapak khusus nggo cekakakan :D :D don't be so serious...

      Hapus
  14. Mampir dilut nda. rung iso komentar...sisakke segane. ojo dikekke kucing toh....

    BalasHapus
  15. Mulakno to Dek Un... yen arep maem enak ki yo eling karo aku to.
    Tapi asli ngenes tenan maca critamu iku. Nanging.... iki crita tenan apa mung fiksi wae to? Yen tenanan yo berarti apes e dobel-dobel Dek Un hahaha.... #ups

    BalasHapus
    Balasan
    1. mo fiksi kek mo kagak, rasa nglethisnya sungguh mengguncangkan iman Mba Ren hihihiii....

      Hapus
  16. Jan-jane sih gajiku isih wutuh, malah turahan THR wingi kae ijek akeh. *nggaya teniiiin ik*

    Hahaha, kok ya melasi temen. Nek ngomong nyong ya anteri sego sing pulen. Menul2. Bhahaha

    BalasHapus
  17. Mewek mbak nik, podo karo Shah jahan, panganan enak yo masakan Padang... ben Nang Indonesia cangkrukane nag Sepo Padang

    BalasHapus
  18. okeeeh fine..tak bikin postingan madura tar lagi wkwkkw

    BalasHapus
  19. Haha.. Aku kok malah luwih seneng pupu daripada dodo. Kakehen daging njuk rasane sepo yen dodo kuwi. :p

    BalasHapus
  20. Huaaaaa... Aku perlu terjemahaaaan hehehehe

    BalasHapus
  21. Oalah,mba Uniek, jan jane mergo solider, mangan biasa wae, sego rames
    Ben ora usah ngrasakne sego nglentis...wkwkwk.

    BalasHapus
  22. Oalah,mba Uniek, jan jane mergo solider, mangan biasa wae, sego rames
    Ben ora usah ngrasakne sego nglentis...wkwkwk.

    BalasHapus
  23. woalah yoooo yo...kui seng masak piye to, ra ngerti nek seng pingin mangan sego padahang iki nunggu gajian sek hahaha

    BalasHapus