Yuhuuu...gajiaaaannn.... iso mangan enak ki bar iki :)
Wis pirang-pirang sasi iki pancen jatah gajian mundur terus tanggale. Mulakno angger tekan akhir wulan ngono kae wes ketar-ketir rasane. Trus malah iso dienggo totohan barang (jan-jane iki ra pareng lho) njajal sasi ngarep gajian tanggal piro. Wealah, wis ngelu ngrasakke ke-pending blanja malah kudu mikir anggaran nggo totohan barang. Repooottt....
Jan-jane sih gajiku isih wutuh, malah turahan THR wingi kae ijek akeh. Ning yen aku ora melu-melu nggresula koyok kanca-kancaku kan ngko piyeeeee.... Daraki meh anti mainstream... ra penak to yoooo... Mula terus aku yo melu solider, mangane yo dipas-paske karo season tanggal tuwa ;) Sega rames(ti) lawuh tahu tempe wae. Takpendhem jero wae kasunyatan nek jan-jane duwitku ijik sakthekrak :)
Nah, begitu gajian kan iso mangan enak ki. Njaluk tulung office girl (OG) ning kantor nggo nukokke sega padhang. Hahahaa... oalah wong ndeso, mangan enak kok yo mung sega padhang tok lho obsesine :)
"Tukokne sega padhang yo Liz, lawuhe ayam, sing dhadha. Nganggo kuah rendang sing akeh." Ngono mau kuwi pesenku karo Liz (dudu jeneng asline), OG sing manis kinyis-kinyis.
"Njih Mba...." Liz bablas mangkat ning warung. Aku ya selak pengin mangan sego padhang idamanku, soale isuk mau durung sarapan. Mripatku wis krasa kremun-kremun, awakku ndredeg. Mbokmenawa wis ngelih tenan iki.
Sepira senengku weruh blegere Liz wis tekan ruanganku meneh. Elah, cepet banget ik le tuku.
"Mba, dhodhone ora ono, iki taktukokke paha. Kersa nopo mboten?" pitakone Liz.
Oalah Liiizzz....Liiiizzz... wis pirang taun nukokke aku sega kok ijek durung apal nek aku ora doyan pupu. Ning yo meh muni ngono kuwi mau ora tegel. Lha wong aku ki yo mung njaluk tulung lho, mosok kok meh maido.
"Kuwi nggo kowe wae Liz, wes nyoh taksangoni duwit meneh, tukuwo rendang wae yo." Jan, aku apikan tenan yoh, koyok dewi seko kayangan *gubraaakk...dewine sing asli ceblok
Liz banjur mbalik warung meneh, koyok setrika wae sliwar-sliwer gara-gara pupu pitik. Mesakke ik. Tapi kan aku kudu tegas, kudu ngugemi prinsip. Ngko nek Liz duwe pikiran aku ki wong sing gampangan piye jal. Lak ora kajen to aku mengko.
Ora watara suwe Liz wis tekan ruanganku meneh, menehke bungkusan rendang sing duduhe sajak uinuuukk biyanget. Gage-gage le ku meh mangan. Ning ijik takempet ben rada wibawa sithik ning ngarepe Liz.
"Wis kana, kowe yo ndang maem yo Liz, iku pupune nggo kowe wae."
"Injih Mba, matur nuwun," saurane Liz.
Wejiiiiaannn... dina iki aku dadi malaikate Liz ketoke *macak mesem ayu anggun
Wis ora sranta rasane kudu ndang mangan sega padhang. Kapan meneh mangan enak yen ora pas tanggal enom ngene iki. Bungkusan sega takbukak, rendang takguyangke ning ndhuwure sega. Tangan tengen nyekel sendhok, tangan kiwa nyekel krupuk terung. Wis siap tempur tenan iki aku.
Klethuk...klethuukk... eladalah opo ikiiii.... Segane kok rasane aneh. Duh Gusti cobaan apa meneh iki sakwise tragedi pupu mau?
Cepet-cepet nyandhak wedang tehku. Cleguk...cleguuukk... takombeni sing akeh.
Enake iki takteruske opo ora yo le mangan? Dilematis banget ik. Perjuangan le entuk sega padhang wae wis dilakoni Liz, ndadak nganggo mbaleni tuku lawuh neh. Mosok meh ora takenteke manganku iki. Tapi......
Rekane pengin mangan enak, jebule bakule ning warung padhang iku yo rodo trondholo. Sega nglethis kok yo didol ki lho. Kira-kira nek bakule dikon mangan kabeh sega sakliwetan iki njajal piye perasaane?
Rendang taksawang-sawang karo mbrebes mili..... Ning aku yo paham, ora entuk nggresula. Ijik iso tuku sega padhang lak berarti ijik diparingi rejeki sing akeh karo Gusti. Piwulang apik-apik seka wong tuwaku tansah takeling-eling. Mbokmenawa pancen wis kudu ngene kahanane.
-----
foto ngampil saking unsplash.com under CC0 license