20 Januari 2014

Piwulang Seka Rewang

http://karya-apa-adanya-saja.blogspot.com/2013/03/hujan-deras-berpetir-dan-angin-ribut.html
Oalah, wis telung dina iki Semarang udan terus, seka isuk umun-umun nganti tengah wengi. Jaaan udan ra ono mandhege. Sok dhong deres, sok dhong mung grimis, sing jelas ra entek-entek banyu sing utah seka langit kuwi.

Musim udan ngene iki pancen marai perkara. Akeh sanak kadang sing omahe kebanjiran. Muga-muga enggal diparingi kalonggaran dening Gusti, ndang surut banyune. Alhamdulillah omahku ora kebanjiran. Ning dina Setu wingi, tanggal wolulas Januari aku kepeksa mbolos, ra mangkat ning kantor mergo sakndalan-ndalan banyune wis tekan dhuwur dhengkul. Heleh, mung mlebu setengah dina wae owg, eman-eman mesin montorku aah... *mbalik njingkrung krukupan kemul :)

Duruh meneh urusan kumbahan. Masiya nganggo mesin cuci, ning yen ora dipepe kena srengenge, tetep wae pas wis garing klambine mambu. Meh disuntaki pewangi klambi sakgalon yo tetep wae amem rasane. Wangi campur bacin ngono loh dadine. Byuh byuuuhh... anakku wedok wis protes kok, jarene seragam sekolahe mambu ora enak. "Lha piye, po meh mangkat sekolah nganggo sarung?" taktekoni ngono wae :D

Biyasane ncen urusan ngumbahi ki wis ditindakke rewangku pocokan. Jenenge Budhe Tari. Ning pas dina Setu iku Budhe Tari ora iso mangkat mergo omahe kebanjiran. Omahe cedhak Masjid Agung Jawa Tengah. Masjid gedhe magrong-magrong sing kahanane beda kaya langit lan bumi karo omah-omah penduduk ning sekitare. Omahe Budhe Tari iki yen udan mesti kebanjiran, yen pas angine gedhe mesti gendheng omahe akeh sing tiba. Jan melasi tenan. Muga-muga diparingi sabar yo Dhe.

Rewangku iki ora kakehan omong uwonge. Angger teka pas jam setengah sanga isuk, langsung nyandhak kumbahan. Sakbare ngumbahi lan mepe, deknen bablas nggosok. Mengko pas jam setengah sepuluh anakku lanang mulih seko PAUD, Budhe Tari gage-gage ndulang. Anakku lanang arang banget le gelem sarapan, biasane mung ngombe teh sakclegukan lan nithili roti marie gosong kagungane yangtine. Bar ndulang Budhe Tari nutugke anggone nggosok. Bakda Dhuhur deknen ngaso lan mangan awan. Njur sing paling keri ditindakke yaiku nyapu lan ngepel. Jam telu utawa setengah papat biyasane wis dipethuk anake.

Sakliyane menengan lan sregep, rewangku iku jujure pol. Tau nemu duwit satus ewu ning sak kathok jinsku yo dibalekke. Padahal aku wes lali lho, saking akehe duwit ning sak (duwit kricik mangatusan maksudku) hehehee... Dompet, hape, jam tangan lan sembarang kalir sing dho ting glethak ning meja yo ora tau ilang. Jan marai tambah tresna wae aku marang rewangku iki. *B.Tari : yen tresna undhakke bayarane to jeng, eeeh....spleteran :D

Mula aku yo sok nggumun marang para rewang sing senenge tumindak julik. Contone yo iki. Isuk mau aku maca status fesbuke kancaku sing lagi blanja ning pasar. Deknen uripe ning Jakarta, dadi ya akeh-akehe obrolan ning pasar ya nganggo loe guwe ngono kae. 

"Bang, iklan salmon berapa Bang?"
"Sekilonya seratus ribu sekian Neng."
"Kalo ikan mujahir, Bang?"
"Dua  puluh lima ribu."
"Ya udah mujahir aja ya Bang."

Ana bocah wadon loro lagi takon rego iwak, umur-umurane yo sekitar limolas nganti pitulas taun lah. Sing tekon karo bakul iwak mau Si A. Si A dijawil-jawil karo kancane Si B, glenikan nganggo Basa Jawa, dikira ra ana sing mudheng. Apes tenan merga kancaku mau wong Jawa asli, dadi mudheng apa wae sing dicatur bocah loro iku mau.

B : Kok malah tuku mujahir to, mau lak dikongkon nyonyah tuku iwak salmon.
A.: Kaceke adoh owg Nda, mayan isa nggo tuku pulsa.
B : Ngawur ae kowe iki, ngko yen konangan dudu iwak salmon sing mbokmasak piye?
A : Ora oraaa... nyonyah kan tekane mbengi. Anake po mudheng iku salmon po dudu. Cah cilik ngono ae kok. Tenang wae, ngko yen nyonyah teka ngomong wae iwake wes dientekke adek. Beres.

http://lifestyle.kompasiana.com/catatan/2013/11/25/zaman-berubah-pembantu-rumah-tangga-pun-berubah-610956.html
Ealaaahh... meh nyusul Anas nggandhul ning Monas po piye kowe nduk. Ngene iki bibit-bibit ora apik sing tumbuh subur ning ndi ndi. Maca status fesbuke kancaku mau aku dadi tambah ngajeni rewangku sing ra tau nggabuk utawa 'mark up' rega. Malah luwih kerep nuduhi aku toko ngendi wae sing dodolane luwih murah tinimbang toko sing biyasa taktukoni. 

Ya wes, waspada wae ya prakanca. Rewang iku ncen mung manungsa, manungsa iku sumbere kaluputan. Ning tansah eling ya yen manungsa sing mulya iku dudu manungsa sing ora tau salah, nanging manungsa sing ngerti menawa wis tau salah iku ora mbaleni neh. Kalebu ngandhani wong liya sing arep tumindak salah. Elingke, ojo dijarke wae, mengko yen keblasuk-blasuk awake dhewe melu duso lho.

28 komentar:

  1. Balasan
    1. iwak salmon-e udah dikorupsi tuh ama duo embak tadi :D

      Hapus
  2. hadeeeh.... rodo rodo ra mudheng mbaaakeee

    BalasHapus
  3. Alhamdulillah ngerti sithik2,, :D nanging bedane boso jowo semarang karo sidoarjo-suroboyo koyo langit karo bumi yoh mbak.... :D haha

    BalasHapus
  4. Waduuhh iku bayarane si mbsk ndang diunggahno mbak, angel golek Wong jujur lan sregep ngono...
    Ehh semarang banjir kene ga udan blas mbakyu :(

    BalasHapus
    Balasan
    1. alhamdulillah rong sasi kepungkur nembe takundhakke jeng :)

      banjire ora merata sih, khusus jalur sing meh takliwati menyang kantor :D

      Hapus
  5. yen trisna marang budhe tari mbokya undhakke bayarane tho jeng. jo pelit bin medhit kaya kuwi. rak apik. ojo nggo tuku buku wae. opo maneh nggo nonton nang bioskop. budhe tari sisan ajaki nang plasa simpang lima. inepke ing hotel ciputra

    BalasHapus
  6. Mulane aku rodok aras-arasen nggolek rewang. Biyen nduwe rewang malah tilpon-tilponan mbarek sms-an thok ae.Pungkasane deweke kondo nek mbahe mati, pamit mulih, tapi terus gak balik. Yo wis kebeneran, nggak usah ngusir

    Sing sopo mbujuki ing tembe mburi bakal ciloko yo Jeng

    Santen toya kelapa
    cekap semanten komentar kula

    Salam saking Suroboyo

    BalasHapus
    Balasan
    1. njih pakdhe, mboten namung rewang, kita sedaya kedah jujur lan amanah.

      Alhamdulillah, biyasanipun kula nggih mboten nate ngagem rewang Pakdhe, nggih nembe sepisan menika. Eee... ndilalah koq cocok.

      Hapus
  7. Dik, rewang pocokan ki saiki pasarane pira ya? lagi arep golek ki... *eh, malah curhat..hehe..

    BalasHapus
  8. Mba' Uniek aq ora pati iso boso jowo heheh

    BalasHapus
  9. Hehehe...sitik2 paham mbk.mantabh tenan ii

    BalasHapus
  10. waduuh...medeni ik...
    ndelalah rewange cah abege dadi iseh seneng telpon sms-an sampe nilep duit blonjo ck ck ck...golek rewang emang gampang-gampang angel ya mb uniek :)

    BalasHapus
  11. wah mirip rewangku sg keri mbak. mung ng mediun ki susahe duwe rewang krasa yen usum tandur kr panen. mesthi pd njaluk cuti nggo mburuh. cutine 2 minggu sisan. ampoooon. tp yen entuk rewang lulusan HK utawa Malaysia dijamin kerjane apik, temata.

    BalasHapus
    Balasan
    1. wah, prei ngantos kalih minggu njih? lumayan sanget punika :)

      Hapus
  12. Sing rewang wis lungo Mba. he,,,, he,, he,,,

    Salam

    BalasHapus
  13. Whoaaaaaa....
    terjemahin atuh laaaah...
    aku ora ngerti iniiiih...hihihi...

    BalasHapus
    Balasan
    1. pake gugel trensleter atuh Bibi, segala bahasa planet ada koq :D

      Hapus
  14. Walau roaming tapi ada sedikit mirip sama Basa Sunda :D
    Saya suka sekali Bahasa Daerah...belajar ah hehehe

    BalasHapus
    Balasan
    1. ahahahaa...saya kliyengan klo ada yg nulis pake Bahasa Sunda, Mba ;)

      Hapus
  15. Pokoke seneng nek ono konco blogger posting nganggo boso Jowo

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ayo gaweyo postingan nggo Basa Jawa juga mbakyu :)

      Hapus