21 Januari 2019

Piro Like Sosmedmu?





Takpandengi fesbuke anak wedokku sing nembe wae di-upload pirang dina kepungkur.

Ana salah sawijining babagan sing marai aku tremendously amazed. Iku istilah nyilih seka mbah buyutku seko ngeropah kono.

Iku lho, foto sing di-upload anakku iku yo mung koyok ngono. Hamung foto mrenges tur ora ono tandha-tandha alam opo sing pengin ditonjolke. Nek wong sing wis biyasa nyosmed lak yo ono konsepe to misale nek arep upload foto ngono kuwi.

Sing pertama, biyasane delok sik bekgron sing meh dienggo foto. Ono gedung apik ning mburi, laut sing endah, mural sing eye catching, utawa apa wae lah sing instagramable.

Kaping pindhone, persoalan pencahayaan ki yo penting nggo dipikir. Paling sip ki memang potret sing dicekrek pas awan padhang hawa. Yen wis mulai surup gambare dadi mblawur, akeh koyok semut-semute ngono kae. Ra sip blas.

Jarene loh ya, konsep foto lan kualitas sing di-upload ki dadi faktor penting lan pertimbangan kanggone wong-wong sing arep nge-like fotone awake dewe. Seneng to ya nek foto sing dipasang ning sosmed, mbuh kuwi fesbuk, instagram, twitter utawa liya-liyane entuk like sakhohah.

Pertaruhan nama baik kuwi jare netijen. Likes lan komen dadi pangukur engagement sing ora iso dibantah.

Dhuuuh... hanjuk piye jal nek foto sing digawe nganggo konsep dowone tharik-tharik kuwi pedhot karo gambar sakkarepe dewe ngene iki :




Galo, koyok ngono kuwi tok. Jan marai envy tak berperi to ngene iki. Jumlah like-e iso loh podo karo jumlah friend-e. Hakok foto-fotoku ki sing takgawe nganggo pathokan aneh-aneh seko para ahli kuwi kok njeglek banget ya.

Kanca fesbukku ki maewu-ewu je, ning nek aku pasang foto sing nge-Like kok mung puluhan. Iku artine ra nganti sepuluh persen seko cacahe kanca sosmedku to sing seneng karo fotoku.

Nelongsone ndaaaa.....

Piye jal?

Ono sing ngalami koyok ngene ugo? Nopo ya nek cah cilik-cilik kuwi dho rame sosmede, padalo yo mung ngono tok. Palingan upload sakkecandhake, tur nganggo kepsyene yo mung njipuk quote-quote of the day sing bar digugling.

Lha kuwi gendhukku malah nulis : Jomblo... bebas dari kata putus. Piye jal mblo, kowe merasa tersanjung lan disengkuyung anak wedokku ndak an?


Tau ngalami mumet sirahmu nggawe kepsyen sing menurutmu cetar badai menggelora?

Wis njepret fotone ping suwidak rolas, bar kuwi ngedit setengah urip, gawe kepsyen ndadak golek referensi seko web-web luwar negeri, eehh... pedhot karo LIKE-e foto cah cilik sing sak-sake iku mau.

Dhuh Gustiiii paringi yotro mayuto-yuto njiiih.... milyaran nggih pareng.

25 komentar:

  1. Lah yo podo o mbak, ponakanku lah yo ngunu kuwi, mek upload foto ora ono caption e opo-opo re sing ngelike yo atusan. Wkwkkwkw. Meneh gawe status S.E.P.I ngu sing komen bregadak. Terlalu tenan o.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ha iyooo...kok iso ngono ya Ika. Rasane pengin kuteriaaakk...

      Hapus
  2. Jelas seje mbek aku. Nang Instagram foto opo wae, asal dapurku methungul, biasane yo lope lope nganti atusan. Sepurane ga sombong cah, maklum cen fans ku iki okeh. Ono sing mereke Cosmos, Panasonic, GMC, lan sak pinunggalane. Iku fan maksude yo kipas angin. Kepsyen Nanda Fifi kok cetar ngono, jomblo barang haha. Opo ketularan biyunge?

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hahahaa dhapurmu mukiyo *ngakak

      Mbuh arek kuwi, palingo yo asal comot ae kepsyene. Nek biyunge kan gawe kepsyen sampek ndakik2.

      Hapus
  3. Iki emang marake sedih mbak. Kolo-kolo foto sing ngono tok malah sing nglike waukiihh. Lha foto sing apik pas karo aturan2 foto malah sing ngelike ora sepiro...huufft

    BalasHapus
  4. Nek aku sih potone podo liyane mbak, sing penting update tur aku ketok bagus, hehe
    nek like e yo kadang aeh kadang yo ming sepiro.
    pokok e sing penting eksis

    BalasHapus
  5. Aduh, aku roaming nih baca ini. Hahahah... kria-kira aja deh. Sosmedku like-nya dikit. Entahlah. Mungkin memang karena feed IG-ku gak rapi. Random banget. Tapi suka heran sama anak2 muda. Like bisa bejibun padahal fotonya biasa aja. Anakku sering nyindir. Umi follower 4000-an, kok like gak nyampe 200. Anakku follower 500-an, like bisa sampe 2000. Hahahaha...

    BalasHapus
  6. Duh gusti, 336 orak ono konsep apa2. Nek ngene aku ngene entuk baper gak ya... Tapi to mbak, anak2 SD-SMA sekarang ini kalo like pasti ratusan..

    BalasHapus
  7. Waduh aku hurung tau je di like tekan 336 mbak, 100an ae wes senenge arep glubdungan ngono kae. Tapi nek aku nyawang IG ne mahasiswa ku yo koyo vivi ngono, sak yuto sing ngelike padahal potone ngono tok adhoh lah karo fotoku. Njuk kudu pie ki mbak

    BalasHapus
    Balasan
    1. Aku tak melu-melu ngglundung, Mbak. Disik aku ngko.lek ngglundung, wkwkwk

      Hapus
  8. Waduh Gusti mung mudeng sitik2 wae, tapi keren kakak deh sosmednya banyak yamg like, iya ya aku kadang juga sedikit yang likenya, apalagi yang mengandung iklan, kalau status ada religinya, dan tentang wisata pasti banyak yang likenya heuheu..

    BalasHapus
  9. Nah ..pancen nek cah ABG ki kenthel banget kekancane.. Yen ngaku konco yo kudu nge-like , yen ora..berarti Ra ngaku konco.. Ngono ketoke rumuse dik, dadi bisa ana arisan like ngono Kuwi..hehe..

    BalasHapus
  10. Koncone dho konco kuentel sih mbak orak konco ngerti jeneng thok. Huehehehe

    BalasHapus
  11. Hihi Vivi keren yaa, kalau kita kudu banyak ikutan IG walking kalau mau nambah like, piluuu..

    BalasHapus
  12. Kok aku ngakak moco artikel iki! Waakkaka ngakak polll... Its same as like my young bro and sis, iso akeh buanget sing ngelike padahal gak nganggo cheat or bot. Kok iso yah...
    #bosocampur

    BalasHapus
  13. Laiyo to nda...jamane wis jaman milenial, jaman now. Tiwas saking mbokne nggagas ora entek-entek. Anake seneng, like sak ndayak ngalahke biyunge.

    BalasHapus
  14. Sabar..sabar, ancen ngunu iku bocah nom saiki. Aku yo ora mudeng kok iso yo bocah-bocak kui entuk like sak ndayak. Nanging nek anakku sing mbarep ki kadang nganggo kepsyen sing apik. Bedo karo anakku sing cilik, kadang kepsyen e lugu kok iso entuk like uwakih, pollower yo mung mangatus thok

    BalasHapus
  15. Huahahahha.. Perkoncoan bocah2 ki pancen militan yo sampe rajin ngelike foto2 kancane ngono. Lagian kayake yo ancen captione ho oh banget mbak ��

    BalasHapus
  16. Mbak, aku langsung scrol paling ngisor mbak. Asli, rodo puyeng ki. Oiye jal. Mantap idene mbakyu

    BalasHapus
  17. Boah ABG saiki opo pancen ngono yo mbakyu...Menurutku like kui koyok solidaritas sesama ABG, konco posting kudu di like hihihi

    BalasHapus
  18. Like ku ora sepiro.. kalah karo bocah2ku sing gawene curhat yen fotone akih sing ngelike... Malah aku sering dijaluki kon ngelike. Hahaha

    BalasHapus
  19. gak mudeng aku mba...masih tertatih-tatih saya belajar Boso Jowo

    BalasHapus
  20. Jajal takon anak wedok mba, rahasiane ben entuk like sakmono akehe ki piye carane. Sopo ngerti sukses. Tapi yo mending ga sah ngarep like keduwuren nek nggawe status. Ben nek ra kesampean ga patio gelo neng ati hehe...

    BalasHapus
  21. Hahhaahha..niki ceriyose mamake nganan kaliyan dek vivi tho....tapi emang adek-adek jaman now kui upload foto bureng wae like e iso atusan marai gumun ya mbak :)

    BalasHapus